tolong tuliskan salam pembuka dan salam penutup dalam bahasa jawa
B. Daerah
lanirustanti69lani
Pertanyaan
tolong tuliskan salam pembuka dan salam penutup dalam bahasa jawa
1 Jawaban
-
1. Jawaban ghefa
Salam Pembuka =
Para rawuh kakung putri wredha mudha minulya. Samangke sampun tabuh …. WNIK.
Nitik sasmita ingkang sampun kula tampi, sedaya sampun rumanti sarta miranti.
Ingkang menika nyuwun idi saha pangestu panjenengan, pahargyan ing sonten menika badhe kawiwitan. Minangka purwaka utawi pambuka, sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken manungku puja brata, sumujud ing sahandhap pepadanipun Gusti Ingkang Akarya Jagad.
Anut pandam pandom agami saha gegebenganipun sowang-sowang. Esthining manah, mugi pahargyan ing sonten menika saged katindakaken kanthi gancar, lancar, sepi ing sambekala. Namung, mligi katur para rawuh ingkang ngrasuk agami Islam, sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken maos basmallah sesarengan.
Salam penutup =
Para rawuh kakung putri wredha mudha minulya. Setunggal mbaka setunggal lampahing tatacara pahargyan ing dalu menika sampun saged katindakaken kanthi raharja. Wahyaning mangsakala wus ndungkap titi purnaning pahargyan.
Mangke ingkang badhe kondur ngaturaken sugeng kondur, ingkang badhe nglajengaken wungon ngaturaken sugeng wungon. Wonten ing sungapaning pahargyan, kula pun Chafid Ibnu Abdillah, ingkang piniji pinitaya minangka panatacara hambok bilih anggen kula ngayahi jejibahan wonten galap gangsuling atur, kithaling basa, kiranging subasita myang tatakrami kula nyuwun lumunturing sih samodra gung pangaksami.