B. Daerah

Pertanyaan

10 tembang pucung lan batangane

1 Jawaban

  • jawaban:

    1.

    Bapak pucung mlungker mlungker dudu kalung

    Manggonmu neng tangan

    Jarum mlaku rino wengi

    Ngembrug wektu si pucung kagunan guna

    • Batangane: jam tangan

    2.

    Bapak pucung bunder bunder saka pohung

    Isi gula jawa

    Dipangan sajak mirasa

    Mung ing jawa panganan iki lang ana

    • Batangane: jemblem

    3.

    Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung

    Dawa kaya ula

    Pencokanmu wesi miring

    Sing disaba si pucung mung turut kutha

    • Batangane: sepur

    4.

    Bapak Pucung dudu watu dudu gunung

    Sabane ing sebrang

    Titihane sri Bupati

    Yen lumaku si pucung lembehan grana

    • Batangane: gajah

    5.

    Bapak pucung bisa nggereng bisa mbengung

    Ngambah jumantara

    Kayu manuk rajawali

    Wira-wiri nggawa barang lan manungsa

    • Batangane: montor mabur (pesawat terbang)

    6.

    Namung tutuk Lan netra kalih kadulu

    Yen pinet kang karya

    Sinuduk netrane kalih;

    Yeku saratira bangkit ngemah-ngemah

    • Batangane: gunting

    7.

    Bapak pocung tanpa untu darbe siyung.

    Badanira panjang.

    Tutukira pan pesagi.

    Dina- dina pocung nedha buntutira.

    • Batangane: Setut

    8.

    Bapak pocung isih enom klambi gadhung.

    Yen wes rada tuwa.

    Si pocung klambine kuning.

    Tuwa pisan si pocung klambine abang.

    • Batangane: Mlinjo

    9.

    Bapak pucung rodho papat bisa mbengung

    Wujud kothak dawa

    Nguntal barang sakabehing

    Yen wes nggereng banjur lunga tanpa kandha

    • Batangane: Trek

    10.

    Bapak pucung anane ing tanah kudus

    Pinter nyimpen toya

    Mangka tumpakani jalmi

    Mbrenjul suku panjang gulu dawa

    • Batangane: onta

    11.

    Bapak pucung tanpa untu darbe siung

    Badan ira panjang

    Tutuk ira panpesagi

    Dina dina si pucung mangan buntut ira

    • Batangane: sabuk

    12.

    Bapak pucung Cangkemu madhep mandhuwur

    Sabamu ing sendhang

    Pencaanmu lambung kering

    Prapteng wisma sipucung mutah guwaya

    • Batangane: klenthing

    13.

    Bapak pucung Amung sirah lawan gembung

    Pada dikunjara

    Mati sajroning ngaurip

    Mijil baka si pucing dadi dahana

    • Batangane: penthol korek

    Penjelasan :

    Pucung

    Pucung merupakan salah satu dari 11 macapat. Macapat merupakan salah satu puisi (geguritan) tradisional jawa. Setiap macam macapat mewakili proses atau tahapan kehidupan manusia. Pucung sendiri mewakili fase terakhir dari kehidupan manusia.

    Dalam pembentukan puisi tradisional jawa, ada patokan atau aturan susunan (paugeran) sendiri sendiri.

    Paugeran macapat terdiri dari

    • Jumlah baris tiap bait (guru gatra)
    • Jumlah suku kata tiap baris (guru wilangan)
    • Bunyi akhir suku kata terakhir tiap baris (guru lagu)

    Paugeran Pucung

    Pucung memiliki paugeran berikut

    Guru gatra = 4

    Guru wilangan = 12, 6, 8, 12

    Guru lagu= u, a, i, a

    Pucung memiliki watak jenaka atau lucu, namun masih diselipi nasehat kehidupan.

    Semoga Bermanfaat

    Pelajari lainnya :

    https://brainly.co.id/tugas/1017180

    • Sebutna paugerane tembang macapat lan terangna?

    https://brainly.co.id/tugas/2038818

    • SEBUTKAN CONTOH-CONTOH TEMBANG MACAPAT!

    _____________________________

    Mapel: Bahasa Daerah (Jawa)

    Kelas: 3

    Materi: Tembang Macapat - Pucung

    Kode kategorisasi: 3.13.-

    Kata kunci: bapak, pucung, batangane

    #OptiTeamCompetition

Pertanyaan Lainnya