kasih contoh geguritan yang pendek dong:(
B. Daerah
nurmaelpeu3424
Pertanyaan
kasih contoh geguritan yang pendek dong:(
2 Jawaban
-
1. Jawaban salsabilahidayah
lintang-lintang
lintang-lintang abyor ing tawang
cumlorot sliweran nalika alihan
kumleyang mencok ing socamu asihku
cahyane gumebyar sunare gilar-gilar
ing telenge atimu sliramu tansah dakantu
lintang-lintang alihan
cumlorot telu ana pundhakku
kawitan lintang abang lintang perang
kapindho lintang mirunggang lintang kamanungsan
pungkasan lintang kumukus lintang kadurakan -
2. Jawaban meidyaninda
Pahlawanku
Pahlawanku
Wutahing ludirmu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedhih
Karajang-rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangrasane
Pahlawanku
Mugya Gusti paring nugraha
Semana gedhene bektimu
Jiwa raga, bandha donya
Tanpa sisa
Amung siji pangajabmu
Merdika